May 2, 2005

PITIK HOMO, DIAMPUT…. !

Filed under: General

Ceritane tentang sebuah peternakan ayam.
Iki crita pitik-pitik ndik peternakane Mat Pithi. Ndik kono onok 25 pitik babon karo situk pitik jago, tapi wis ngurak, tuwo. Ndelok pitik jagone wis tuwo koyok ngono iku mau, sing mestine wis gak isok diarepno isok nglakeni babon sing sak mono akehe, Mat Pithi mutusno tuku jago situk maneh, sing jik enom.
Ndelok onok jago anyar, kathik jik enom, kabluk-ane mesti yo jik get, jago tuwo mau rumangsa kalah saingan. Biasane isok numpak-i babon selawe, hare… Iki kok onok arek nom. gak urung, babon-babon yo ngrubung jago enom mau, kepengin ngrasakno dilakeni. Jago tuwo yo cemburu berat, guk !
Sopo gak mangkel, ndelok jago enom mau bolak-balik nyengklak babon-babon nganyeng mau iku.
Jago tuwo nyidek-i jago enom. “Dik, masiyo awakmu jik gagah, yo ojok serakah opo-o. Mosok babon selawe dipek kabeh, rek….”
Jago enom, sumbung, ngomong “Sak karepku tah, lik. Kate tak tumpak-i kabeh tah enggak, lak opo jare aku, tah. Opo maneh sing cidek-cidek aku yo pitik-pitik wedok iku dewe. Maeng mulo, tah, peno iku ojok loyo ngono. Pitik jago kok nyekuthuk koyok ngono, lik…”, sinis.
“Iyo ae awak-awak iki wis umur akeh, cung. Biyen opo-o jik enom. Wedok-an selawe iku sopo sing numpak-i. Yok opo nek koen 15 aku sepuluh?”
“Gak isok, cak…..”
“Wis, peno 20 aku limo ae”, penjaluk-e jago tuwo memelas. Timbang enggak.
“Gak isok. Selawe iku aku kabeh…”, pitik enom jumawa.
“Wis, aku 2 ae, peno sing 23″, pitik tuwo tambah memelas.
“Gak isok ! Titik !”
Pitik tuwo nelongso. Biasa numpak pitik selawe, sak iki siji-sijio ae gak kumanan babar blas. Kabeh dipek jago enom.
“Wis ngene ae”, jare jago tuwo. “Yok opo nek nganakno pertandingan. Sing menang oleh numpak-i pitik 25 kabeh, sing kalah ngaplo. Yok opo”. Pitik jago tuwo nantang.
Nantang ? Batine jago enom. Pitik wis loyo karek matek-e ae kathik ngejak pertandingan ? Gak salah tah iki ?
“Ayo. Kate pertandingan opo, lik, tak ladeni”
“Mlayu !”, jare pitik tuwo.
Mlayu ? Pitik tuwo koyok ngono iku ngejak balapan mlayu ? Wong mlaku ae wis srentengan ?
“Ayo !”
“Tapi aku njaluk syarat”, jare jago tuwo.
“Opo syarate ?”
“Aku lak wis tuwo, tah. Aku tak mlayu disik. Nek wis kacek 10 meter, kaet koen mulai mlayu”.
Cumak 10 meter ? Lha masiyo seket meter, tah, pasti isok tak uber. Ngono batine jago enom. “Ya wis. Ayo !”.
Pitik loro mau mulai ancang-ancang. Pitik tuwo mulai mlayu ndisik-i. Begitu kacek 10 meter, pitik enom baru mulai mlayu. Tambah suwe jarak-e tambah cidhek. Pitik tuwo ambegane wis senen-kemis, mlayu, tapi yo gak isok banter. Tambah suwe jarak antarane pitik tuwo mbarek jago enom tambah cidhek.
Bareng karek sak meter maneh, ujug-ujug onok suwara bedhil “DER !”. Pitik enom njengkang kenek bedhil manuk mau. Endase meh pecah keterjang timah pelurune bedhil manuk mau. Kejet-kejet sedhela, terus mati. Kukut wis ! Sing nembak mau Mat Pithi. Lho, ola opo ?
Mat Pithi nyidek-i bangke-ne pitik jago enom sing wis mati mau. Gak tambah ditulungi tah yok opo, malah ditendang-tendang, mbarek misuh-misuh. “Pitik jancukan. Wis ping sepuluh sak wulan iki aku mateni pitik. Angger-angger tuku mesti kliru pitik homo. Gak gelem numpak-i babon, malah nguber-uber pitik jago tuwo thok ! Dobol !”

14 Comments »

The URI to TrackBack this entry is: http://tersesat.blogsome.com/2005/05/02/pitik-homo-diamput/trackback/

  1. hahahha … raimu kok sok imut seh ndek poto iku bo ?
    hahahha …. jancuk

    Comment by Pangeran Cinta — May 4, 2005 @ 2:38 pm

  2. he .. kae lho di protes karo kk dudi .. jarene awakmu salah ngetik jeneng e .. :D

    Comment by loper — May 5, 2005 @ 3:04 am

  3. 1. lho yah on ente ae ngakokni lek ayas imut
    2. iyoh mas babah wes di protes cek ganti nasip e soal cewek

    Comment by bobo — May 6, 2005 @ 2:45 pm

  4. bo bobo ..aku curiga jangan jangan kon wes dadi homo ???????
    opo animalism ???
    waduw…..ngeri sisan iki…..jangan jangan………………….

    Comment by astral — May 11, 2005 @ 1:42 am

  5. ya nasibku masih lebih baik darimu bo yang direbut temen dewe. ups….. :p

    Comment by dudi — May 15, 2005 @ 4:02 pm

  6. sopo sing direbut sopo kk?? mohon ditransparankan :D

    Comment by loper — May 17, 2005 @ 2:26 pm

  7. itu tuh arek kodew sing di wnet E#o#u#i#n *sambil nuding ke upik*…… ups………….. *ngacirrrr*

    Comment by dudi — May 17, 2005 @ 2:29 pm

  8. lheee … upik sing manis iku ta?? lho bukanne biasane jalan bareng karo sing jeneng e $#@*&% kae ta

    Comment by loper — May 17, 2005 @ 2:50 pm

  9. loh…. kui kowe to bob? ealah… kok sek koyo arek cilik se hihihihihihihi kaget akuuuuuu

    Comment by kirana — May 20, 2005 @ 2:26 am

  10. audhubillah himindaliq..ojo nurun anak putu ku wong kok elek’e koyo ngene….

    Comment by jembut — May 27, 2005 @ 12:51 pm

  11. Om, tukeran link denganku yak! :D

    Comment by Nofie — May 30, 2005 @ 5:43 am

  12. #7, #8. aku dadi penasaran, sopo seh? [pasang muka bingung] :P

    Comment by yonky — June 5, 2005 @ 7:56 am

  13. wuahahaha..cekakak..khas joke suroboyoan..!!

    Comment by budhe — July 5, 2005 @ 2:42 am

  14. Jancukkk….. lucu banget

    Comment by tengu — August 3, 2006 @ 8:46 am

RSS feed for comments on this post.

Ninggalin Pesen

Line and paragraph breaks automatic, e-mail address never displayed, HTML allowed: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>